Monolog Tak Terdengar

Monolog Tak Terdengar
Biarkan skizofrenia menjamah mewarnai mozaik-mozaik hidupku

Saturday, June 7, 2014

Ono Kinjeng Mlebu Kamarku

Sore iki langit peteng ndedet koyo arep ganti ning wengi tur nganggo udan sing deres. Ora suwe soko kuwi, gluduk banter lan keclap-keclap petir wis ngiyasi langit. Suara adzan magrib krungu saut-sautan karo suara alam sing lagi gemerah.

Aku mung iso turon nglangut karo nyawang kuwi kabeh. Lawang kamar kostku sengojo ora tak tutup ben aku iso ndelok pemandangan langit mendung sing lagi njiglokne banyu soko nduwur. Senajian aku uwong'e seneng karo langit wengi mbuh koyo opo kuwi bentukane, mbuh lagi padang njingglang amargo ono mbulan purnama lan rame bintang, utawa lagi koyo ning film-film horor koyo sak iki.

Ora ono gawean sing tak lakoni. Biasane yen lagi nganggur ngene iki aku mesti dolanan leptp, yo kadang nonton film, kadang facebookan, kadang mung nulis-nulis ora jelas. Nanging amargo leptopku lagi rusak dadi aku yo mung iso koyo iki.


Moro-moro enek kijeng sing nyasar mlebu kamar kostku. Opo mergo lagi udan dadi ngiyup ning njero kamarku utowo amargo lampu sing nig njero kamarku padang dadi kinjeng kuwi tertarik. Jarene kewan jenis serangga kuwi senengane marani sing padang-padang.

Aku rasane ora pengen nggusah kijeng sing lagi mabur ning sandeke lampu. Padahal biasane yen ono kewan sing mlebu kamar, koyoto laron, walang, lan tawon wae mesti tak gusah metu. Ning ati risih nyawang. Nanging yen kewan kuwi sejenis kinjeng lan kupu mesti aku ora wani gusah.

Aku kelingan omongane mbahku ndisik, jarene yen enek kewan sejenis kinjeng lan kupu kuwi jelmaane mbah buyutku mbiyen. Sing kangen karo aku dadi marani aku. Aku kudu guyu dewe yen kelingan omongane mbahku kuwi, aku ora percoyo. Kanggoku wong sing wis mati yo mbalik karo Penciptane, ora mungkin malah dadi kewan mabur. Nanging mbok aku ora percoyo omongane mbahku, aku yo ora wani nggusah kinjeng sing mlebu kamarku. Rasane kijeng kuwi malah ngancani aku sing lagi dewekan.



Semarang, 17 Mei 2014